Wednesday, March 25, 2015

Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”



Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu Guru sareng rencang-rencang ingkang kula sayangi. Pertami-tami, mangga sareng-sareng kula lan panjenengan sami kedah manjataken puji syukur kehadirat Allah SWT. Amin. Ingkang sampun nyukani nikmat ingkang ageng sehingga kula lan panjenengan sami saged kempal teng acara puniki. 

Sholawat sareng salam kula sampeaken dumateng junjungan kaula Nabi Besar Muhammad SAW. Ingkang sampun mbakta kula lan panjenengan sami saking zaman zahiliyah sampe dumagi zaman saniki.

Alhamdulillah, pada kesempatan puniki kula bade mbaktakaken pidato ingkang judulipun “Tolong Menolong” 

Selerese jalma utawi menusa yaniku makhluk sosial, artosipin makhluk kang boten saged gesang kiambekan, atanapi mesti gesang sareng-sareng jalma utawi makhluk sanese. Inggihmenika saling mbutuhaken kelawan jalma sanese. Kangge angsal kesejahteraan kula lan panjenengan sami boten saged gesang kiambekan, atanapi pasti mbutuhaken bantuane jalma liyane. Amargi tiyang sanese uga pasti mbutuhaken kula lan panjenengan sami. Sikap saling tolong menolong utawi saling mbantu iku kedah dianjuraken kenging ajaran agama Islam. Sifat saling mbantu niku mlebet teng akhlak mulia.

Islam nyukani tuntunan lan ajaran yaniku bahwa sesami Muslim niku sederek utawi sedulur, bilih sami-sami muslim sampun ngaku sederek, teras wonten muslim ingkang langkung ilmue lan boten saged mbagi ilmue teng muslim kang sanese, niku sungguh keterlaluan. Amargi diwajibaken saling mbagi ilmu karena niku ngerupakaken wujud sesederekan utawi rerencangan.

Semonten rumiyin pidato saking kula, kirang lan langkunge kula nyuwun agunge pangapunten, kula akhiri billahitaufik walhidayah 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.  

No comments:

Post a Comment