Wednesday, March 25, 2015

Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"



Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"
 
Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Ingkang kula hormati Bapak Camat .......
Ingkang kula hormati Bapak Kuwu .......
Ingkang kula hormati Bapak Ketua MUI .......
Ingkang kula hormati Bapak Almuharrom .......
Ingkang kula hormati Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang sampun rawuh teng acara puniki
Boten ketinggalan rencang-rencang Panitia ingkang sampun medalaken sedanten kemampuanipun hingga saged terlaksana acara puniki

Pertami-tami, Kula aturaken matur nuwun sanget dumateng bapak / ibu sedaya ingkang sampun nyukani kesempatan dumateng kaula kangge nyambut acara menika wonten ing Isra’ Mi’ra Nabi Ageng Muhammad SAW. Saderengipun dilajengaken mangga kula sedaya ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT, ingkang sampun nyukani rahmatipun dumateng kula sedaya,  sehingga saged kempal teng riki, wonten teng dalu puniki kula lan panjenengan sedaya disukani kesehatan jasmani ugi rohani ngangge mirengaken ceramah agama atawi santapan rohani ingkang wontening acara Isro lan mi’roj Nabi Ageng Muhammad SAW.

Salajengipun, kula aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumateng sedaya para rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wakdalipun ngangge ngilari ilmu lan mirengaken ceramah agama ingkang sekedap malih bade dipun sampeaken dumateng Almuharrom Bpk … … ..
 
Para hadirin ingkang minulya, kaula umat Islam sampun sewajare ngartos dumateng junjungan nabi kula Nabi Ageng Muhammad SAW, sedaya menika namung kagem ningkataken iman lan takwa kaula dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi kaula saged luwih nyaketaken dhumateng Allah SWT, lan saget nglaksanakaken sedanten perintahipun lan nebihi sedaya ingkang dados larangan-laranganipun Allah SWT.
 
Kaula atas nami Ketua Panitia peringatan Isro Mi’roj, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kaula khususipun masalah isro lan mi’roj menika leres-leres dipun pirengi dening para rawuh sedaya, lan selajengipun saged dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah SWT, kagem kula sedaya umat islam.

Khususipun dumateng Almuharrom Bapak …. Kaula aturaken matur nuwun ingkang sanget dumateng keikhlasanipun wontening ngaturaken babagan agama ngangge kula sedaya wonten ing dalu puniki, mugi-mugi amalipun saged dipun tampi dening Allah SWT lan dipun paringi ganjaran ingkang berlipet-lipet. amin…

Namung semanten sambutan saking kula selaku Panitia, kirang langkunge kula nyuwun maaf bilih katah kesawonan lan kelepatan, kula akhiri billahitaufiq walhidayah,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Indramayu dengan Tema “Perpisahan”



Pidato Bahasa Indramayu dengan Tema “Perpisahan”

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah .....
Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu Guru ....... sedaya
Ingkang kula tresnani rencang – rencang seangkatan ingkang bade medal saking sekolah puniki lan adi-adi kelas ingkang maksih nimba ilmu teng sekolah puniki.

Pertami-tami, mangga kula sedaya ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT. ingkang sampun maringi sedaya nikmat lan kewilujengan dateng kula sedaya amargi kula lan panjenengan sami saged kempal wonten teng acara perpisahan puniki.
Kula, ngewakili atas nami saking rencang - rencang kelas ...... ngaturaken maturnuwun sanget dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbimbing kula lan rencang-rencang tigang warsa lamie.

Selajenge kula matur Alhamdulillah, mboten kraos kula lan rencang-rencang sedaya sampun nglampahi nimba ilmu wonten teng sekolah puniki.

Wonten teng acara puniki, kula kiyambek sareng rencang - rencang nyuwun agunging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru, amargi wonten ing tigang warsa puniki katah kesawonan, kalepatan ingkang dipun sengaja utawi mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak lan Ibu guru, kersa ngapuntenaken uga ngapura kelepatan lan kesawonan kula sareng rencang-rencang sedaya.

Setuhunipun kula lan rencang-rencang badhe nglanjutaken nimba ilmu wonten ing sekolahan ingkang luwih inggil, kula lan rencang-rencang nyuwun pendonganipun Bapak lan Ibu guru sedaya supadosa kula lan rencang-rencang kedah diterima dumateng sekolah ingkang bade kula lan rencang-rencang tuju.

Saking arah mekaten, kula lan rencang-rencang nitip wiraos dumateng adi-adi kelas kula, mangga belajar ingkang rajin, supados dados jalma ingkang minulya.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo wiraos. Kirang langkunge bilih menawi wonten kesawonan kula nyuwun agunging pangapunten. kula akhiri billahitaufik walhidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”



Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu Guru sareng rencang-rencang ingkang kula sayangi. Pertami-tami, mangga sareng-sareng kula lan panjenengan sami kedah manjataken puji syukur kehadirat Allah SWT. Amin. Ingkang sampun nyukani nikmat ingkang ageng sehingga kula lan panjenengan sami saged kempal teng acara puniki. 

Sholawat sareng salam kula sampeaken dumateng junjungan kaula Nabi Besar Muhammad SAW. Ingkang sampun mbakta kula lan panjenengan sami saking zaman zahiliyah sampe dumagi zaman saniki.

Alhamdulillah, pada kesempatan puniki kula bade mbaktakaken pidato ingkang judulipun “Tolong Menolong” 

Selerese jalma utawi menusa yaniku makhluk sosial, artosipin makhluk kang boten saged gesang kiambekan, atanapi mesti gesang sareng-sareng jalma utawi makhluk sanese. Inggihmenika saling mbutuhaken kelawan jalma sanese. Kangge angsal kesejahteraan kula lan panjenengan sami boten saged gesang kiambekan, atanapi pasti mbutuhaken bantuane jalma liyane. Amargi tiyang sanese uga pasti mbutuhaken kula lan panjenengan sami. Sikap saling tolong menolong utawi saling mbantu iku kedah dianjuraken kenging ajaran agama Islam. Sifat saling mbantu niku mlebet teng akhlak mulia.

Islam nyukani tuntunan lan ajaran yaniku bahwa sesami Muslim niku sederek utawi sedulur, bilih sami-sami muslim sampun ngaku sederek, teras wonten muslim ingkang langkung ilmue lan boten saged mbagi ilmue teng muslim kang sanese, niku sungguh keterlaluan. Amargi diwajibaken saling mbagi ilmu karena niku ngerupakaken wujud sesederekan utawi rerencangan.

Semonten rumiyin pidato saking kula, kirang lan langkunge kula nyuwun agunge pangapunten, kula akhiri billahitaufik walhidayah 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.