Friday, August 26, 2016

Pidato Bahasa Indramayu tentang Peringatan Hari Kemerdekaan RI

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak Kepala SMP ........................
Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu guru
Ingkang kula hormati para tamu undangan sedaya
Lan rencang-rencang sedaya ingkang kula cintai

MERDEKA....MERDEKA...MERDEKA....

Sederenge, mangga kula lan panjenengan sami manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT, Tuhan semesta alam ingkang sampun nyukani rahmat lan hidayahipun dumateng kula lan panjenengan sedaya, sehingga kula lan panjenengan kedah kempal teng riki teng halaman sekolah niki dalam rangka meringati dinten ulang naun negara republik indonesia ingkang kaping ........ tanpa wonten alangan punapa. amin
Sholawat lan salam boten lepat kula lan panjengan sedaya panjataken dumateng Junjungan kaula yaniku Nabi Besar Muhammad SAW. Sareng keluarga lan para sahabat ipun.
Pertami-tami, teng selebete suasana dinten kemerdekaan indonesia niki, kula pengen menggelorakan semangat (basa dermayune napa yaa.... ngertos kiambek mawon lah...heheh) kemerdekaan Indonesia kang kula rasakaken sampun terkikis dumateng jiwa para kaum pemuda indonesia.
Kula lan panjenengan sami maksih kemutan, teng sedaya bangsa indonesia betapa habate perjuangan-perjuangan pahlawan kula ingkang mempertahankan lan ngrebut kemerdekaan saking tangan para penjajah.
Kula lan panjenengan sami sebagai bangsa kang ageng kudu saged ngargai jasa para pahlawan-pahlawan. Atanapi ingkang langkung penting malih pada saat niki yaniku ngisi kemerdekaan niki sareng hal-hal ingkang positif. Ngisi kemerdekaan niki sareng macem-macem kegiataningkang bermanfaat dumateng diri kiambek, kangge sedantene tiyang lan tentune kangge bangsa Indonesia.
Mangga kula lan panjenengan sami nerasaken semangat para pahlawan kula sareng semangat patriotisme lan nasionalisme. Apalah artose merdeka bilih urip kula lan panjenengan sami tambah sengsara lan boten nambah sejahtera. Kula mesti berusaha atanapi Allah SWT. Tetep ingkang nentuaken.
Atanapi inget para hadirin..... Allah SWT boten bakal ngrubah nasib suatu kaum bilih kaume kiambek boten usaha ngrubah nasibe. Kemerdekaan ingkang kula lan panjenengan sami angsal, niku uga rahmat saking Allah SWT. Atanapi boten kenging ngarepaken sedanten ingkang kula lan panjenengan sami cita-citaaken saged disukani dening Allah SWT, bilih kula lan panjenengane kiambek boten ngusahakaken satemen-temen.
Sepindah malih, sumangga dumateng salebete peringatan dinten kemerdekaan saniki mangga diisi sareng ningkataken semangat perjuangan ingkang kudu kula lan panjenengan wujudaken yaniku semangat patriotisme lan nasionalisme kangge ngisi kemerdekaan niki.

Semanten saking kula, bilih katah kelepatan dumateng wiraosan kula, kula nyuwun agunging pangapunten, bilahitaufiq wal hidayah wassalamu’alaikum  Wr. Wb.