Saturday, September 28, 2013

Pidato Bahasa Indramayu tema "Ulang Tahun Indramayu"

Ulang Tahun Indramayu

Bismillahir Rohmanir Rohim

Alhamdulillahi Robbil 'alamin, kula sedaya panjataken puji syukur dumateng Allah SWT. ingkang sampun nyukani kalian keselametan dumateng kula sedaya, sehingga seniki saged kempal dateng acara dinten Ulang Tahun Kota Indramayu.
Sholawat serta salam mugi-mugi tercurah dumateng junjungan Nabi kula sedaya Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Ingkang kula hormati para dewan juri, bapak-bapak / ibu-ibu hadirin ingkang kula mulya aken.
Nyuwun agungipun pangapunten, kula bade wiraosan "Nyijiaken semangat awangun Indramayu nuju Indramayu REMAJA".(Read More)


Bapak-bapak / Ibu-ibu hadirin ingkang kula hormati. mboten kraos malih umur Kota Indramayu pun mlebet 486 (Kawan atus wolung puluh nenem) tahun. kadose segala impenan Raden Wiralodra hampir sampun kesebat kelakon, keranten Indramayu awit dipimpin dateng Bapak H. Yance sampe saniki dipun pimpin dateng Ibu Hj. Ana Sophana  minangka Bupatinipun. masyarakat ipun urip tentrem ayem, subur makmur loh jinawi.
Bapak-bapak/Ibu-ibu hadirin ingkang kula mulyakaken sami uning, awit Bapak. H. Yance minangka dados Bupati Indramayu sareng semboyanipun "Indramayu Remaja" teras dilajengaken maring Ibu Hj. Ana Sophana masyarakat pada guyub.
- Ingkang maksih sekolah pada giat
- Ingkang nganggur-nganggur pada milet kursus lan pelatihan teng Dinsosnaker sedantene gratis mboten bayaran.
- Warung-warung alit dipun rewangi modalipun
- Dalan-dalan dipun awangun
- Para guru, pegawe, kaliyan pejabat pada wekel dateng tugas-tugasipun.

apamalih dipun budayakaken masyarakat Indramayu ngangge rasukan ingkang nutupi aurat. ngangge jilbab kalian pada biasa maos Al Qur'an. teng perkantoran mboten ketinggalan, bilih enjing saderenge pada nyambut damel sedanten maos Al Qur'an. Alhamdulillah.
Bapak-bapak/Ibu-ibu hadirin ingkang kula hormati.
Napa-napa ingkang kula wiraosaken wau, niku masyarakat Indramayu. pada cangcut tali wanda awit lare-lare alit sampe para pejabat pada semangat awangun Indramayu nuju Indramayu Remaja.
Semanten mawon saking kula, menawi wonten kelepatan kula nyuwun agungipun pangapunten.
akhirul kalam, bilahi taufiq wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment