Wednesday, March 26, 2014

Pidato Bahasa Indramayu "Bahaya Narkoba"



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak kepala sekolah
Ingkang kula hormati Bapak/ibu guru sareng para staf lan tata usaha uga para rencang-rencang ingkang kula bangga’aken.
Kula ucapaken matur kesuwun dumateng para sedaya ingkang sampun nyukani waktos dumateng kula ngangge nyampeaken pidato ingkang judulipun Bahaya Narkoba.
Pertami-tami mangga kula lan sampeyan sedaya sareng-sareng manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun nglimpahaken nikmat’E sehingga kula lan sampeyan sedaya kedah kempal teng riki kangge sami-sami mirengaken pidato kula yaniku bahaya narkoba.
Bapak/ibu lan rencang-rencang ingkang kula mulyaaken
Jumlah pengguna narkoba teng Indonesia tiap dinten teras nambah lan nambah katah penganggone,  hal niku mungkin dikarenaaken lemahe penegakan hukum teng Indonesia amargi para pengedar narkoba baik lokal maupun internasional kedah kerjasama, sehingga narkoba niku saged bebas mlebet teng Indonesia. Penyalah gunaan Narkotika lan zat aditif sanese niku tentu bae mbakta dampak ingkang luas lan kompleks. Sebagai salah setunggil contoh saking dampake yaniku rubae perilaku, kataeh gangguan kesehatan, nurune produktivitas kerja kang drastis, kriminalitas lan tindak kekerasan sanese kang nambah merajalela lan meningkat.
Penyalahgunaan narkoba selerese saged dicegah melalui program-program diantaranipun milet kegiatan-kegiatan sosial, boten bergaul sareng pengguna utawi pengedar narkoba, boten gampil kepengaruh ajakan utawi rayuan ngangge nyobi-nyobi narkoba. Pengguna narkoba biasane lebih didominasi kening para lare-lare nem lan lare sekolah.
Amargi saking arah mekaten mangga kula lan panjenengan sedaya kedah sareng-sareng njaga lan ngawasi para putra-putine uga rencang-rencange sehingga penyalahgunaan narkoba kedah diminimalisir lan boten terlalu meresahkan.
Pun semonten pidato saking kula, kirang lan lebihe kula nyuwun maaf, matur nuwun atas segala perhatiane bilahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment