Wednesday, March 25, 2015

Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"



Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"
 
Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Ingkang kula hormati Bapak Camat .......
Ingkang kula hormati Bapak Kuwu .......
Ingkang kula hormati Bapak Ketua MUI .......
Ingkang kula hormati Bapak Almuharrom .......
Ingkang kula hormati Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang sampun rawuh teng acara puniki
Boten ketinggalan rencang-rencang Panitia ingkang sampun medalaken sedanten kemampuanipun hingga saged terlaksana acara puniki

Pertami-tami, Kula aturaken matur nuwun sanget dumateng bapak / ibu sedaya ingkang sampun nyukani kesempatan dumateng kaula kangge nyambut acara menika wonten ing Isra’ Mi’ra Nabi Ageng Muhammad SAW. Saderengipun dilajengaken mangga kula sedaya ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT, ingkang sampun nyukani rahmatipun dumateng kula sedaya,  sehingga saged kempal teng riki, wonten teng dalu puniki kula lan panjenengan sedaya disukani kesehatan jasmani ugi rohani ngangge mirengaken ceramah agama atawi santapan rohani ingkang wontening acara Isro lan mi’roj Nabi Ageng Muhammad SAW.

Salajengipun, kula aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumateng sedaya para rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wakdalipun ngangge ngilari ilmu lan mirengaken ceramah agama ingkang sekedap malih bade dipun sampeaken dumateng Almuharrom Bpk … … ..
 
Para hadirin ingkang minulya, kaula umat Islam sampun sewajare ngartos dumateng junjungan nabi kula Nabi Ageng Muhammad SAW, sedaya menika namung kagem ningkataken iman lan takwa kaula dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi kaula saged luwih nyaketaken dhumateng Allah SWT, lan saget nglaksanakaken sedanten perintahipun lan nebihi sedaya ingkang dados larangan-laranganipun Allah SWT.
 
Kaula atas nami Ketua Panitia peringatan Isro Mi’roj, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kaula khususipun masalah isro lan mi’roj menika leres-leres dipun pirengi dening para rawuh sedaya, lan selajengipun saged dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah SWT, kagem kula sedaya umat islam.

Khususipun dumateng Almuharrom Bapak …. Kaula aturaken matur nuwun ingkang sanget dumateng keikhlasanipun wontening ngaturaken babagan agama ngangge kula sedaya wonten ing dalu puniki, mugi-mugi amalipun saged dipun tampi dening Allah SWT lan dipun paringi ganjaran ingkang berlipet-lipet. amin…

Namung semanten sambutan saking kula selaku Panitia, kirang langkunge kula nyuwun maaf bilih katah kesawonan lan kelepatan, kula akhiri billahitaufiq walhidayah,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment