NJAGA
LINGKUNGAN SEKOLAH
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Pertami-tami mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng
manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT. karena kula lan sampeyan sedaya maksih disukani berkah
lan karunia, sehingga kula lan panjenengan sedanten saged kempal
teng enjing ingkah cerah puniki dalam keadaan sehat
wal’afiat. Shalawat lan salam
semoga tercurahkan dumateng
junjungan kula lan panjengan sedaya Nabi Besar Muhammad SAW, sareng keluarganipun, sohabatipun, uga dumateng kula lan sampeyan sedaya ingkang dados
umatipun.
Bapak/ibu
guru ingkang kula hormati
lan rencang-rencang ingkang
kula cintai
lan bangga aken.
Pada dinten
puniki kula bade nyampeaken pidato kang judulipun “Menjaga
Lingkungan Di Sekolah”.
rencang-rencang,
perlu diweruhi bahwa
lingkungan niku tempat
gesange sedantene makhluk. Saking arah mekaten mangga kita
sedaya sareng-sareng menjaga kelestarian lingkungan kita
supados pada saat kita
gesang saged tentrem lan ayem. Salah setunggil cara njaga kelestarian
lingkungan yaniku supados njaga
kebersiane.
Njaga kebersian lingkungan saged diawiti saking hal-hal kang alit, atanapi terkadang susah ngangge dilakukakene . Contohe yaniku mbuang sampah teng tempate.
Saat saniki
kesadaran
ngangge njaga
kebersihan teng kalangan
kita kang dados murid
sangatlah
kirang.
Ditingal saking lingkungan
sekolah kita kang maksih
katah sampah
kang berserakan,
napa sampah
plastik daharan lan
ombean,
utawi kertas.
Padahal tempat sampah kang
disediaaken sekolah sampun memadai. Teng tiap pojok sekolah wonten tempat sampah, teng lebete kelas pun wonten tempat sampah.
Ananging boten
wontene kesadaran
saking diri kita
ngangge mbuang
sampah teng tempate sebagai wujud njaga kebersian
lingkungan sekolah kita. Selain
mbuang sampah teng tempate, kita uga saged njalanaken piket kelas sebagai aksi njaga
kebersihan lingkungan teng
lingkup
sekolahan. Lan mesti dibiasaaken memilah sampah sesuai sareng kelompoke sederenge dilebetaken teng tempat
sampah.
Jenis sampah dibedaaken dados 3, yaniku :
1. Sampah Teles
yaniku
sampah kang gampil terurai
lan mbusuk,
contohe;
luwiyan panganan, sayur
lan uwoh-wohan,
sampah kebun lan sampah
dapur.
2. Sampah Garing yaniku sampah kang boten saged mbusuk lan terurai secara alamiah,
contoh: kertas, kardus, plastik, tekstil, karet, kaca, kaleng, lan sanes-sanese
3. Sampah B3 (Bahan Berbahaya lan
Beracun)
yaniku sampah
beracun lan reaktif
kang saged mbahayakaken kesehatan
sareng kehidupan
organisme diantaranipun,
baterai, cat, pestisida, sampah rumah sakit, lan sanes-sanese.
Atanapi tempat
sampah kang biasa
disediaaken cuman 2 jenis, yaniku sampah teles lan garing. Inggih menika pada
akhire
pemisahan sampah teles lan
garing niku dicampur sedanteng , sehingga dados sia-sia kita
memilah
sampah teles lan garing
wau, kang pada akhire didadosaken setunggil malih. Hal niki mesti wonten kerjasama antara
pemerintah lan sekolah
kangge pembuangan
sampah teles lan
garing wau ngangge ngurangi pencemaran lingkungan.
Sebagai penutup,
kula mung bade nyampeaken pesen saking pidato kula sareng nyampeaken setunggil pepatah. “Kebersihan niku sebagian saking iman”. Sareng niki kula ngarepaken rencang-rencang peduli
lan sadar
dumateng pentinge njaga
kebersian.
Mung semonten pidato
saking kula, kirang lan
lebihe kula sampeaken mohon maaf atanapi wonten kesalahan teng tutur kata kula. Atas perhatianipun kula ucapaken matur kesuwun ingkang
seageng-agenge, lan kula akhiri.
Billahi Taufik Walhidayah Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.