Showing posts with label Bahasa Indramayu. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Indramayu. Show all posts

Friday, August 26, 2016

Pidato Bahasa Indramayu tentang Peringatan Hari Kemerdekaan RI

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak Kepala SMP ........................
Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu guru
Ingkang kula hormati para tamu undangan sedaya
Lan rencang-rencang sedaya ingkang kula cintai

MERDEKA....MERDEKA...MERDEKA....

Sederenge, mangga kula lan panjenengan sami manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT, Tuhan semesta alam ingkang sampun nyukani rahmat lan hidayahipun dumateng kula lan panjenengan sedaya, sehingga kula lan panjenengan kedah kempal teng riki teng halaman sekolah niki dalam rangka meringati dinten ulang naun negara republik indonesia ingkang kaping ........ tanpa wonten alangan punapa. amin
Sholawat lan salam boten lepat kula lan panjengan sedaya panjataken dumateng Junjungan kaula yaniku Nabi Besar Muhammad SAW. Sareng keluarga lan para sahabat ipun.
Pertami-tami, teng selebete suasana dinten kemerdekaan indonesia niki, kula pengen menggelorakan semangat (basa dermayune napa yaa.... ngertos kiambek mawon lah...heheh) kemerdekaan Indonesia kang kula rasakaken sampun terkikis dumateng jiwa para kaum pemuda indonesia.
Kula lan panjenengan sami maksih kemutan, teng sedaya bangsa indonesia betapa habate perjuangan-perjuangan pahlawan kula ingkang mempertahankan lan ngrebut kemerdekaan saking tangan para penjajah.
Kula lan panjenengan sami sebagai bangsa kang ageng kudu saged ngargai jasa para pahlawan-pahlawan. Atanapi ingkang langkung penting malih pada saat niki yaniku ngisi kemerdekaan niki sareng hal-hal ingkang positif. Ngisi kemerdekaan niki sareng macem-macem kegiataningkang bermanfaat dumateng diri kiambek, kangge sedantene tiyang lan tentune kangge bangsa Indonesia.
Mangga kula lan panjenengan sami nerasaken semangat para pahlawan kula sareng semangat patriotisme lan nasionalisme. Apalah artose merdeka bilih urip kula lan panjenengan sami tambah sengsara lan boten nambah sejahtera. Kula mesti berusaha atanapi Allah SWT. Tetep ingkang nentuaken.
Atanapi inget para hadirin..... Allah SWT boten bakal ngrubah nasib suatu kaum bilih kaume kiambek boten usaha ngrubah nasibe. Kemerdekaan ingkang kula lan panjenengan sami angsal, niku uga rahmat saking Allah SWT. Atanapi boten kenging ngarepaken sedanten ingkang kula lan panjenengan sami cita-citaaken saged disukani dening Allah SWT, bilih kula lan panjenengane kiambek boten ngusahakaken satemen-temen.
Sepindah malih, sumangga dumateng salebete peringatan dinten kemerdekaan saniki mangga diisi sareng ningkataken semangat perjuangan ingkang kudu kula lan panjenengan wujudaken yaniku semangat patriotisme lan nasionalisme kangge ngisi kemerdekaan niki.

Semanten saking kula, bilih katah kelepatan dumateng wiraosan kula, kula nyuwun agunging pangapunten, bilahitaufiq wal hidayah wassalamu’alaikum  Wr. Wb.

Wednesday, March 25, 2015

Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"



Pidato Bahasa Indramayu tema "Sambutan Panitia Isra' Mi'raj"
 
Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Ingkang kula hormati Bapak Camat .......
Ingkang kula hormati Bapak Kuwu .......
Ingkang kula hormati Bapak Ketua MUI .......
Ingkang kula hormati Bapak Almuharrom .......
Ingkang kula hormati Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang sampun rawuh teng acara puniki
Boten ketinggalan rencang-rencang Panitia ingkang sampun medalaken sedanten kemampuanipun hingga saged terlaksana acara puniki

Pertami-tami, Kula aturaken matur nuwun sanget dumateng bapak / ibu sedaya ingkang sampun nyukani kesempatan dumateng kaula kangge nyambut acara menika wonten ing Isra’ Mi’ra Nabi Ageng Muhammad SAW. Saderengipun dilajengaken mangga kula sedaya ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT, ingkang sampun nyukani rahmatipun dumateng kula sedaya,  sehingga saged kempal teng riki, wonten teng dalu puniki kula lan panjenengan sedaya disukani kesehatan jasmani ugi rohani ngangge mirengaken ceramah agama atawi santapan rohani ingkang wontening acara Isro lan mi’roj Nabi Ageng Muhammad SAW.

Salajengipun, kula aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumateng sedaya para rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wakdalipun ngangge ngilari ilmu lan mirengaken ceramah agama ingkang sekedap malih bade dipun sampeaken dumateng Almuharrom Bpk … … ..
 
Para hadirin ingkang minulya, kaula umat Islam sampun sewajare ngartos dumateng junjungan nabi kula Nabi Ageng Muhammad SAW, sedaya menika namung kagem ningkataken iman lan takwa kaula dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi kaula saged luwih nyaketaken dhumateng Allah SWT, lan saget nglaksanakaken sedanten perintahipun lan nebihi sedaya ingkang dados larangan-laranganipun Allah SWT.
 
Kaula atas nami Ketua Panitia peringatan Isro Mi’roj, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kaula khususipun masalah isro lan mi’roj menika leres-leres dipun pirengi dening para rawuh sedaya, lan selajengipun saged dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah SWT, kagem kula sedaya umat islam.

Khususipun dumateng Almuharrom Bapak …. Kaula aturaken matur nuwun ingkang sanget dumateng keikhlasanipun wontening ngaturaken babagan agama ngangge kula sedaya wonten ing dalu puniki, mugi-mugi amalipun saged dipun tampi dening Allah SWT lan dipun paringi ganjaran ingkang berlipet-lipet. amin…

Namung semanten sambutan saking kula selaku Panitia, kirang langkunge kula nyuwun maaf bilih katah kesawonan lan kelepatan, kula akhiri billahitaufiq walhidayah,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Indramayu dengan Tema “Perpisahan”



Pidato Bahasa Indramayu dengan Tema “Perpisahan”

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah .....
Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu Guru ....... sedaya
Ingkang kula tresnani rencang – rencang seangkatan ingkang bade medal saking sekolah puniki lan adi-adi kelas ingkang maksih nimba ilmu teng sekolah puniki.

Pertami-tami, mangga kula sedaya ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT. ingkang sampun maringi sedaya nikmat lan kewilujengan dateng kula sedaya amargi kula lan panjenengan sami saged kempal wonten teng acara perpisahan puniki.
Kula, ngewakili atas nami saking rencang - rencang kelas ...... ngaturaken maturnuwun sanget dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbimbing kula lan rencang-rencang tigang warsa lamie.

Selajenge kula matur Alhamdulillah, mboten kraos kula lan rencang-rencang sedaya sampun nglampahi nimba ilmu wonten teng sekolah puniki.

Wonten teng acara puniki, kula kiyambek sareng rencang - rencang nyuwun agunging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru, amargi wonten ing tigang warsa puniki katah kesawonan, kalepatan ingkang dipun sengaja utawi mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak lan Ibu guru, kersa ngapuntenaken uga ngapura kelepatan lan kesawonan kula sareng rencang-rencang sedaya.

Setuhunipun kula lan rencang-rencang badhe nglanjutaken nimba ilmu wonten ing sekolahan ingkang luwih inggil, kula lan rencang-rencang nyuwun pendonganipun Bapak lan Ibu guru sedaya supadosa kula lan rencang-rencang kedah diterima dumateng sekolah ingkang bade kula lan rencang-rencang tuju.

Saking arah mekaten, kula lan rencang-rencang nitip wiraos dumateng adi-adi kelas kula, mangga belajar ingkang rajin, supados dados jalma ingkang minulya.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo wiraos. Kirang langkunge bilih menawi wonten kesawonan kula nyuwun agunging pangapunten. kula akhiri billahitaufik walhidayah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”



Pidato Bahasa Indramayu tema “Tolong Menolong”

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kula hormati Bapak lan Ibu Guru sareng rencang-rencang ingkang kula sayangi. Pertami-tami, mangga sareng-sareng kula lan panjenengan sami kedah manjataken puji syukur kehadirat Allah SWT. Amin. Ingkang sampun nyukani nikmat ingkang ageng sehingga kula lan panjenengan sami saged kempal teng acara puniki. 

Sholawat sareng salam kula sampeaken dumateng junjungan kaula Nabi Besar Muhammad SAW. Ingkang sampun mbakta kula lan panjenengan sami saking zaman zahiliyah sampe dumagi zaman saniki.

Alhamdulillah, pada kesempatan puniki kula bade mbaktakaken pidato ingkang judulipun “Tolong Menolong” 

Selerese jalma utawi menusa yaniku makhluk sosial, artosipin makhluk kang boten saged gesang kiambekan, atanapi mesti gesang sareng-sareng jalma utawi makhluk sanese. Inggihmenika saling mbutuhaken kelawan jalma sanese. Kangge angsal kesejahteraan kula lan panjenengan sami boten saged gesang kiambekan, atanapi pasti mbutuhaken bantuane jalma liyane. Amargi tiyang sanese uga pasti mbutuhaken kula lan panjenengan sami. Sikap saling tolong menolong utawi saling mbantu iku kedah dianjuraken kenging ajaran agama Islam. Sifat saling mbantu niku mlebet teng akhlak mulia.

Islam nyukani tuntunan lan ajaran yaniku bahwa sesami Muslim niku sederek utawi sedulur, bilih sami-sami muslim sampun ngaku sederek, teras wonten muslim ingkang langkung ilmue lan boten saged mbagi ilmue teng muslim kang sanese, niku sungguh keterlaluan. Amargi diwajibaken saling mbagi ilmu karena niku ngerupakaken wujud sesederekan utawi rerencangan.

Semonten rumiyin pidato saking kula, kirang lan langkunge kula nyuwun agunge pangapunten, kula akhiri billahitaufik walhidayah 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.  

Wednesday, March 26, 2014

Pidato Bahasa Indramayu "Bahaya Narkoba"



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati Bapak kepala sekolah
Ingkang kula hormati Bapak/ibu guru sareng para staf lan tata usaha uga para rencang-rencang ingkang kula bangga’aken.
Kula ucapaken matur kesuwun dumateng para sedaya ingkang sampun nyukani waktos dumateng kula ngangge nyampeaken pidato ingkang judulipun Bahaya Narkoba.
Pertami-tami mangga kula lan sampeyan sedaya sareng-sareng manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun nglimpahaken nikmat’E sehingga kula lan sampeyan sedaya kedah kempal teng riki kangge sami-sami mirengaken pidato kula yaniku bahaya narkoba.
Bapak/ibu lan rencang-rencang ingkang kula mulyaaken
Jumlah pengguna narkoba teng Indonesia tiap dinten teras nambah lan nambah katah penganggone,  hal niku mungkin dikarenaaken lemahe penegakan hukum teng Indonesia amargi para pengedar narkoba baik lokal maupun internasional kedah kerjasama, sehingga narkoba niku saged bebas mlebet teng Indonesia. Penyalah gunaan Narkotika lan zat aditif sanese niku tentu bae mbakta dampak ingkang luas lan kompleks. Sebagai salah setunggil contoh saking dampake yaniku rubae perilaku, kataeh gangguan kesehatan, nurune produktivitas kerja kang drastis, kriminalitas lan tindak kekerasan sanese kang nambah merajalela lan meningkat.
Penyalahgunaan narkoba selerese saged dicegah melalui program-program diantaranipun milet kegiatan-kegiatan sosial, boten bergaul sareng pengguna utawi pengedar narkoba, boten gampil kepengaruh ajakan utawi rayuan ngangge nyobi-nyobi narkoba. Pengguna narkoba biasane lebih didominasi kening para lare-lare nem lan lare sekolah.
Amargi saking arah mekaten mangga kula lan panjenengan sedaya kedah sareng-sareng njaga lan ngawasi para putra-putine uga rencang-rencange sehingga penyalahgunaan narkoba kedah diminimalisir lan boten terlalu meresahkan.
Pun semonten pidato saking kula, kirang lan lebihe kula nyuwun maaf, matur nuwun atas segala perhatiane bilahi taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sunday, March 23, 2014

Pidato Bahasa Indramayu tema "NJAGA LINGKUNGAN SEKOLAH"



NJAGA LINGKUNGAN SEKOLAH

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Pertami-tami mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng manjataken puja lan puji syukur dumateng Allah SWT. karena kula lan sampeyan sedaya maksih disukani berkah lan karunia, sehingga kula lan panjenengan sedanten saged kempal teng enjing ingkah cerah puniki dalam keadaan sehat wal’afiat. Shalawat lan salam semoga tercurahkan dumateng junjungan kula lan panjengan sedaya Nabi Besar Muhammad SAW, sareng keluarganipun, sohabatipun, uga dumateng kula lan sampeyan sedaya ingkang dados umatipun.

Bapak
/ibu guru ingkang kula hormati lan rencang-rencang ingkang kula cintai lan bangga aken

Pada dinten puniki kula bade nyampeaken pidato kang judulipun “Menjaga Lingkungan Di Sekolah”.

rencang-rencang, perlu diweruhi bahwa lingkungan niku tempat gesange sedantene  makhluk. Saking arah mekaten mangga kita sedaya sareng-sareng menjaga kelestarian lingkungan kita supados pada saat kita gesang saged tentrem lan ayem. Salah setunggil cara njaga kelestarian lingkungan yaniku supados njaga kebersiane. Njaga kebersian lingkungan saged diawiti saking hal-hal kang alit, atanapi terkadang susah ngangge dilakukakene . Contohe yaniku mbuang sampah teng tempate.
Saat saniki kesadaran ngangge njaga kebersihan teng kalangan kita kang dados murid sangatlah kirang. Ditingal saking lingkungan sekolah kita kang maksih katah sampah kang berserakan, napa sampah plastik daharan lan ombean, utawi kertas. Padahal tempat sampah kang disediaaken sekolah sampun memadai. Teng tiap pojok sekolah wonten tempat sampah, teng lebete kelas pun wonten tempat sampah.
Ananging boten wontene kesadaran saking diri kita ngangge mbuang sampah teng tempate sebagai wujud njaga kebersian lingkungan sekolah kita. Selain mbuang sampah teng tempate, kita uga saged njalanaken piket kelas sebagai aksi njaga kebersihan lingkungan teng lingkup sekolahan. Lan mesti dibiasaaken memilah sampah sesuai sareng kelompoke sederenge dilebetaken teng tempat sampah.
Jenis sampah dibedaaken dados 3, yaniku :
1. Sampah
Teles yaniku sampah kang gampil terurai lan mbusuk,
contoh
e; luwiyan panganan, sayur lan uwoh-wohan, sampah kebun lan sampah dapur.
2. Sampah
Garing yaniku sampah kang boten saged mbusuk lan terurai secara alamiah,
contoh: kertas, kardus, plastik, tekstil, karet, kaca, kaleng,
lan sanes-sanese
3. Sampah B3 (Bahan Berbahaya
lan Beracun) yaniku sampah beracun lan reaktif kang saged mbahayakaken kesehatan sareng kehidupan organisme diantaranipun, baterai, cat, pestisida, sampah rumah sakit, lan sanes-sanese.

Atanapi tempat sampah kang biasa disediaaken cuman 2 jenis, yaniku sampah teles lan garing. Inggih menika pada akhire pemisahan sampah teles lan garing niku dicampur sedanteng , sehingga dados sia-sia kita memilah sampah teles lan garing wau, kang pada akhire didadosaken setunggil malih. Hal niki mesti wonten kerjasama antara pemerintah lan sekolah kangge pembuangan sampah teles lan garing wau ngangge ngurangi pencemaran lingkungan.

Sebagai penutup, kula mung bade nyampeaken pesen saking pidato kula sareng nyampeaken setunggil pepatah.  Kebersihan niku sebagian saking iman. Sareng niki kula ngarepaken rencang-rencang peduli lan sadar dumateng pentinge njaga kebersian.

Mung semonten pidato saking kula, kirang lan lebihe kula sampeaken mohon maaf atanapi wonten kesalahan teng tutur kata kula. Atas perhatianipun kula ucapaken matur kesuwun ingkang seageng-agenge, lan kula akhiri.

Bil
lahi Taufik Walhidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.